Blog for Learning

| lesson material | material summary | questions and answers | definitions | types and examples | other information | materi pelajaran | ringkasan materi | pertanyaan dan jawaban | definisi | jenis-jenis dan contoh-contoh | informasi lainnya |

Powered by Blogger.

Pages

Purwakanthi lan tuladhane



Purwakanthi lan tuladhane


Assalamu’alaikum Wr Wb
Ing dinten iki kula arep posting materi purwakanthi lan tuladhane. Sing diarani purwakanthi yaiku runtute swara, aksara utawa tetembungan ing sajroning ukara. Purwakanthi iku ana telu, yaiku :
1.      Purwakanthi swara, yaiku runtute swara ing saben pungkasaning tembung ing sajroning ukara.
Tuladha :
·         Adigang adigung adiguna.
·         Aja dumeh menang, banjur tumindak sawenang-wenang.
·         Ana awan, ana pangan.
·         Ana bungah, ana susah iku wis lumrah.
·         Ana rina ana sega.
·         Bareng wis makmur, lali marang sadulur.
·         Becik ketitik, ala ketara.
·         Desa mawa cara, negara mawa tata.
·         Jalma angkara mati murka.
·         Gemi nastiti ngati-ati.
·         Ijo-ijo godhonge kara, bareng bodho lagi rumangsa.
·         Inggah inggih ora kepanggih.
·         Ireng-ireng ketok untune, bareng seneng ketok ngguyune.
·         Kudu sregep sinau, sapa sing kepengin maju.
·         Ulat madhep, ati manteb.
·         Welinging guru, wong iku kudu mituhu marang bapa ibu, supaya slamet, sing tinemu.
·         Wong bungah sok nemu susah.


2.      Purwakanthi sastra, yaiku runtute aksara mati (konsonan) ing saben wiwitane tembung utawa wanda ing sajroning ukara.
Tuladha :
·         Aja dhemen memada dhateng sapadhaning dumadi.
·         Bobot bibit bebet.
·         Digebyah uyah sawiyah-wiyah.
·         Janji jujur jajahane mesthi maju.
·         Kagerus, kagiles, kagures arus.
·         Mingkar mingkure angkara.
·         Pak kerta tuku kertu dhuwite kertas, nunggang kreta pating kertep liwat kreteg kertosono.
·         Petruk patroli karo putrane loro putra lan putri.
·         Ruruh, rereh, ririh ing wawarahipun.
·         Sing sapa goroh growah.
·         Sing weweh bakal wuwuh.
·         Sluman slumun slamet.
·         Tata, titi, tatas, titis.
·         Tata, titi, tentreming warga.
·         Tatune methunthung mentheng-mentheng.
·         Tindak tanduke tansah titi angati-ati.
·         Wani weruh enggal wanuh.
·         Wong jejodhoan kudu ngelingi babat, bibit, lan bobot.
3.      Purwakanthi basa/lumaksita, yaiku runtute tembung utawa basa ing sajroning ukara.
Tuladha :
·         Bayem arda, ardane ngrasuk busana.
·         Kolik priya, priya gung anjani putra.
·         Mong ing tirta, tirta kandheng ing samodra.
·         Ngreksa puspa, puspa kang nedheng weh ganda.
Samene wae postingan kula. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr Wb

0 Komentar untuk " Purwakanthi lan tuladhane"

Silahkan berkomentar sesuai artikel

 
Template By Kunci Dunia
Back To Top