Blog for Learning

| lesson material | material summary | questions and answers | definitions | types and examples | other information | materi pelajaran | ringkasan materi | pertanyaan dan jawaban | definisi | jenis-jenis dan contoh-contoh | informasi lainnya |

Powered by Blogger.

Pages

Materi Unggah Ungguh Basa Jawa



Materi Unggah Ungguh Basa Jawa


Assalamu’alaikum Wr Wb
Sugeng enjing sedaya, dinten iki kula arep posting malih. Ing postingan dinten iki, kula arep njlentrehake unggah ungguh basa jawa sing penting banget kanggo wong jawa. Miturut ukarane, unggah ungguh basa jawa iku kapilah dadi papat, yaiku :
1.      Ngoko lugu
Basa ngoko lugu digunakake dening :
a)      Yen lagi ngunandika.
b)      Sapepadha sing rumaket / kanca sebaya.
c)      Wong tuwa marang wong enom / anak-anake.
d)     Bapak Ibu Guru karo muride.
e)      Bendhara karo kacunge.
Tandha-tandhane basa ngoko lugu :
1)      Tembung-tembunge ngoko kabeh.
2)      Wong sing gunem nyebut awake dhewe “aku”.
3)      Wong sing diajak guneman nggunakake tembung “kowe”.
Tuladha :
·         Apa bapak sida nonton bal-balan.
·         Kowe arep lunga menyang ngendi?
·         Kowe mengko apa sida teka ing omahku?
·         Renea dhisik ana perlune.
·         Aku lagi mangan sega ing dapur.
·         Kowe mau kandha jare ing kene ana tukang cukur sing pinter.
·         Yen kowe duwe, aku arep nyilih bukune.
·         Aku njaluk tulung, gawekna layang ulem.
·         Kowe apa gelem nuku sepedhaku?
·         Mas aku nyilih layangmu wacan.
·         Apa kowe wis weruh ibumu? Manawa bapakmu wis teka?
·         Aku kudu manut pakone Bapak, supaya Bapak seneng atine.
·         Aku sekolah ana ing SMK.
2.      Ngoko alus / ngoko andhap
Basa ngoko alus yaiku basa kang wujud tembunge ngoko karo tembung krama inggil (tembung kriya, tembung sesulih purusa lan perangane awak). Ater-ater lan panambange tetep ngoko.
Basa ngoko alus digunakake dening :
a)      Wong tuwa marang wong enom sing diajeni.
b)      Wong sapepadhan ing perkumpulan sing wis rumaket.
c)      Guru marang tilas muride sing wis kulawarga.
d)     Ibu marang Bapak ing omah.
e)      Kanca karo kanca sing wis suwe ora ketemu padha pengin ngurmati.
Tandha-tandhane basa ngoko alus :
1)      Tembung-tembunge ngoko kacampuran krama inggil kanggo pakurmatan.
2)      Wong sing gunem nyebut awake dhewe “aku”.
3)      Wong sing diajak gunem nggunakake tembung “panjenengan”.
Tuladha :
·         Aku ora ngerti daleme Pak Jarwo.
·         Apa bapak sida mriksani bal-balan.
·         Panjenengan arep tindak ngendi?
·         Semahe panjenengan nyambut gawe ing endi?
·         Kula arep nyuwun pangapunten marang sampeyan.
·         Wah Mas Lurah sida mundhut mobil ta?
·         Mas Anto daleme ngendi ta?
·         Pak panjenengan dhahar disik yo!


3.      Krama lugu
Krama lugu yaiku basa kang wujud tembunge krama kabeh. Ater-ater di dadi dipun, panambang e,ane, dadi ipun utawa nipun.
Basa krama lugu digunakake dening :
a)      Kenalan anyar ing ngendi panggonan.
b)      Kanca karo kanca sing durung akrab.
Tuladha :
·         Aku tilem wonten kamaripun simbah.
·         Bibar nedha kula dhateng sampeyan mila ampun tilem riyin.
·         Nggih, nanging duginipun ampun sonten-sonten.
·         Kancaku lunga dhateng Surabaya nitih motor.
·         Andi wau sanjang piyambakipun mboten saged dugi.
4.      Krama alus
Basa krama alus yaiku basa kang wujud tembunge krama karo tembung krama inggil (tembung kriya, tembung sesulih purusa, lan perangane awak). Ater di dadi dipun, panambang e, ane, dadi ipun, panambang ake dadi aken.
Basa krama alus digunakake dening :
a)      Wong enom marang wong tuwa / anak marang bapak ibune.
b)      Murid marang gurune.         
c)      Pembantu marang majikane.
d)     Ngomong ing sangarepe wong akeh.
e)      Ndonga marang Gusti Allah.
Tuladha :
·         Menapa bapak saestu mriksani bal-balan.
·         Ibu kondur saking peken.
·         Simbah nembe gerah waja.
·         Eyang mangke menawi tindak badhe nitih becak menapa dhokar?
·         Panjenengan badhe tindak pundi?

Sumber :
Buku LKS Pantura Jawa/Bhs.Jawa/VIIA SMP
Buku LKS Asah Basa Bahasa Jawa Kelas VIII semester genap
Buku LKS Asah Basa Bahasa Jawa Kelas IX semester gasal
Buku cathetan Basa Jawa Kelas XI semester I
Buku cathetan Basa Jawa Kelas VI semester I

Samene wae postingan kula, mugi-mugi manfaat. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr Wb
3 Komentar untuk "Materi Unggah Ungguh Basa Jawa"

Silahkan berkomentar sesuai artikel

 
Template By Kunci Dunia
Back To Top