Blog for Learning

A learning-focused blog offering structured lesson materials, clear summaries, Q&A, definitions, types, and practical examples to support effective understanding.

Powered by Blogger.

Materi Pergaulan Bebas Dalam Bahasa Jawa





•      PANGERTEN PERGAULAN BEBAS
Wektu muda-mudi yaiku wektu manungsa pengin weruh kabeh bab. Mulane wektu-wektu ngene iki muda-mudi perlu bimbingan spiritual uga moral saka wong tuwa. Ing wektu kaya ngene muda-mudi gampang banget kepengaruh bab-bab kang negatif.
Pergaulan bebas yaiku salah siji bentuk perilaku sing nyimpang, “bebas” sing dimaksud yaiku nglewati wates-wates norma keagamanan sing ana.

•      MACEM-MACEM PERGAULAN BEBAS
ü  Alkohol (Minuman Keras)
ü  Narkoba
ü  Seks bebas
ü  Pacaran
ü  Tawuran pelajar
ü  Balap Motor
ü  Ngrokok

•      PENYEBAB PERGAULAN BEBAS
Ø  Faktor wong tua
Ø  Kurange pangerten agama lan keimanan
Ø  Perobahan jaman
Ø  Fasilitas sing nyukupi
Ø  Teknologi sing tansaya canggih
Ø  Kanca lan dhaerah sekitar sing kurang apik
Ø  gagale bocah nyerap norma lan pendidikan agama
Ø  nglampiasna rasa kuciwa
Ø  Sikap mental sing ora sehat
Ø  Rasa pengin ngerti sing duwur

•      AKIBATE PERGAULAN BEBAS
»     Sering mbolos sekola
»     Mudune nile pelajaran
»     Dadi wong sing nutup diri lan ora terbuka karo wong tua
»     Gampang kesinggung lan sensitif
»     Sering nglamun
»     Sering metu bengi nganggo alesan sing ora jelas
»     Ngalalna akeh cara ben bisa olih sing dipengini

•      CARA NGATASI PERGAULAN BEBAS
∞    Ngapiki cara pandang karo nyoba sikap optimis lan urip ing “kenyataan”.
∞    Njaga kaseimbangan pola urip
∞    Jujur maring awake dhewek
∞    Ngapiki cara komunikasi karo wong liya saingga kebina hubungan sing apik karo masyarakat
∞    Perlune bocah mikir nggo masa sing pan teka
∞    Ndalemi ajaran agama lan ngandeli iman
∞    Sering melu kagiatan sing bermanfaat, kaya pengajian lan kagiatan ing sekolah.
∞    Luwih kebuka maring wong tua utawa kanca perek ing dipercaya

•      Cara saka pihak sekolah kanggo “pencegahan dini” saka pergaulan bebas muda-mudi :
  1.     Perlune kerja bareng antarane wong tuwa karo guru ngenani pendidikan moral para muda-mudi. Bab iki marakake pihak sekolah luwih ketat anggone ngajari urusan moral para muride
  2.       Para guru BK/BP/P2S kudu aktif nyegah lan ngajari moral lan etika marang para murid-muride lan menehi pitutur kang ajeg marang muride supaya orang ngulangi kadadeyan iku maneh

•      Cara saka kaluwarga kanggo “pencegahan dini” saka pergaulan bebas muda-mudi:
  1.      Perlune wong tuwa cedhak anake saengga nyiptakake hubungan kang harmonis lan anak-anake nuruti pitutur lan perintah saka wong tuwane. Para muda-mudi uga bisa jujur marang wong tuwane dhewe-dhewe.
  2.     Perlune wong tuwa ngawasi media massa kang dideleng anak-anake. Bab iki penting banget amarga saiki media kang digawe contoh para muda-mudi (anak-anake deweke) nggoleki trend.


•      KESIMPULAN
Pergaulan bebas iku prilaku kang nyimpang norma-norma kang berlaku. Penyebab pergaulan bebas kayata faktor wong tuwa, lingkungan utawa saking pengaruh kanca.
Muda-mudi kudu luwih selektif yen nggolek kanca dolan kang apik. Bab iki ora marakake muda-mudi pada kaku yen kekancan, nanging bab iki bisa nggawe muda-mudi luput saka bebayan pergaulan bebas.

0 Komentar untuk "Materi Pergaulan Bebas Dalam Bahasa Jawa"

Please comment according to the article

 
Template By Kunci Dunia
Back To Top