Blog for Learning

| lesson material | material summary | questions and answers | definitions | types and examples | other information | materi pelajaran | ringkasan materi | pertanyaan dan jawaban | definisi | jenis-jenis dan contoh-contoh | informasi lainnya |

Powered by Blogger.

Pages

PARIWARA





Pariwara yaiku piranti kanggo ajak-ajak (persuasif) utawa celuk-celuk para konsumen supaya tuku barang utawa  jasa kang ditawakake.

Babagan kang perlu digatekake
Babagan kang perlu digatekake ing sajroning pariwara ana 2, yaiku:
1. Surasa/isi pariwara
- kudu objektif lan jujur
- cekak lan cetha
- ndudut ati (menarik)
- ora nyinggung wong liya
2. Basa sing digunakake
- gampang ditampa (komunikatif)
- ukarane cekak, cetha, lan ndudut ati
- isine nyata, ora ngapusi
- sipate ngajak-ajak

Wujud pariwara
Wujude pariwara kaperang dadi 4, yaiku :
1. Tetembungan
2. Gambar
3. Swara tetembungan-swara lagu
4. Swara instrumentalia-acting

Media kang dinggo
Media kang dinggo nggiyarake pariwara, yaiku:
a. media cetak
    kayadene ariwarti, kalawarti, stiker, baliho, lan poster.
b. media elektronik
    kayadene radhio (awujud swara/audio), TV (swara, gambar, lan gerak), internet, lan pariwara out of home (sanjabane ruwangan).

Jinising pariwara
Jinising pariwara, yaiku:
1. Pariwara komersial
    yaiku pariwara kang ancase nawakake barang (produk) / jasa (leladen).
    Tuladhane: pariwara sepatu, pariwara sabun, pariwara klambi, lsp.
2. Pariwara kulawarga / uleman
    pariwara kang awujud ajak-ajak supaya teka ing pahargyan.
    Tuladhane: adhicara wisuda, palakrama, ambal warsa, kepaten, lsp.
3. Pariwara panjaluk
    yaiku pariwara kang isine njaluk babagan tartamtu.
    Tuladhane: lowongan kerja
4. Pariwara layanan masyarakat
    yaiku pariwara kang duweni ancas ngelingake / menehi katrangan marang bebrayan (mligine babagan kesehatan)
    Tuladhane: pariwara KB, posyandu, bahayane ngrokok lan narkoba, lsp.


0 Komentar untuk "PARIWARA"

Silahkan berkomentar sesuai artikel

 
Template By Kunci Dunia
Back To Top