Blog for Learning

| lesson material | material summary | questions and answers | definitions | types and examples | other information | materi pelajaran | ringkasan materi | pertanyaan dan jawaban | definisi | jenis-jenis dan contoh-contoh | informasi lainnya |

Powered by Blogger.

Pages

Tembung rurabasa lan tuladhane



Tembung rurabasa lan tuladhane


Assalamu’alaikum Wr Wb
Ing dinten iki kula arep posting materi basa Jawa yaiku tembung rurabasa. Apa sing diarani rurabasa lan apa wae tuladhane? Ing ngisor iki arep dijlentrehake kanti ringkes lan cetha.

A.    Pangerten tembung rurabasa
Tembung rurabasa yaiku tembung sing ajeg panganggone sanajan salah kaprah, nanging menawa dibenerake malah dadi ora lumrah.
B.     Tuladhane tembung rurabasa
·         Adang sega
Adang beras supaya dadi sega (dudu sega wis mateng didang).
·         Mbunteli tempe
Mbunteli kedhele godhog dimomori ragi supaya dadi tempe (dudu tempe sing wis dadi dibunteli).
·         Mbatik iket
Mbatik mori supaya dadi iket (dudu iket wis dadi dibatik).
·         Menek jeruk
Menek wit jeruk (dudu jeruke sing dipenek).
·         Menek klapa
Menek wit klapa (dudu klapane sing dipenek).
·         Ndhudhuk sumur
Ndhudhuk lemah digawe sumur (dudu sumur sing wis dadi didhudhuk).
·         Negor gedhang
Negor wit gedhang (dudu gedhange sing ditegor).
·         Nenun sarung
Nenun benang supaya dadi sarung (dudu sarunge sing ditenun).
·         Nggodhog wedang
Nggodhog banyu supaya dadi wedang (dudu wis dadi wedang digodhog).
·         Nglinting rokok
Nglinting mbako karo klobot supaya dadi rokok (dudu rokoke sing diklinting).
·         Nguleg sambel
Nguleg lombok, uyah, lan trasi digawe sambel (dudu sambel sing wis dadi diuleg).
·         Nunggu manuk
Nunggu sawah supaya parine ora dithotholi manuk (dudu manuke sing ditunggoni).

Samene wae postingan kula, mugi-mugi manfaat. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr Wb
0 Komentar untuk " Tembung rurabasa lan tuladhane"

Silahkan berkomentar sesuai artikel

 
Template By Kunci Dunia
Back To Top