Paribasan, Bebasan, lan Saloka
Assalamu’alaikum Wr Wb
Ing dinten iki kula arep posting materi basa jawa yaiku paribasan, bebasan, lan saloka. Paribasan, bebasan, lan saloka iku meh padha, nanging ana bedane lan kita uga kudu bisa mbedakake antarane paribasan, bebasan, lan saloka supaya bisa paham.
A. Paribasan
Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, ora kena ngemu surasa pepindhan.
Tuladha :
· Jer basuki mawa bea, tegese kabeh gegayuhan iku mesthi ana ragade utawa ana biayane/pangorbanan
· Becik ketitik ala ketara, tegese becik utawa ala bakal ketara ing tembe burine.
· Kacang ora ninggalake lanjaran, tegese kalakuane anak lumrahe tiru-tiru wong tuwane.
· Yitna yuwana lena kena, tegese sing ati-ati nemu slamet, sing sembrana bakal nemu cilaka.
B. Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen gumathok, ngemu surasa pepindhan sing dipindhanake solah bawa (sikap).
Tuladha :
· Njagakake endhoge si blorok, tegese nunggu / ngarep-ngarep samubarang sing during mesthi.
· Anak polah bapak kepradah, tegese wong tuwa nemu reribed akibat polahe/tingkahe anake.
· Adigang , adigung, adiguna, tegese ngendelake kakuwatane, kaluhurane, lan kapinterane.
· Car-cor kaya kurang janganan, tegese guneman waton metu tanpa dipikir dhisik.
· Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot, tegese yen wis tinakdir (jodho), kaya ngapaa mesthi bakal kelakon (dadi).
· Diwenehi ati ngrogoh rempela, tegese nyuwun, wis diparingi sathithik, ndadak nyuwun sing akeh.
· Durung pecus keselak besus, tegese durung sembada wis kepengin sing ora-ora.
· Emban cindhe emban siladan, tegese siji lan sijine ora padha pangrengkuhe (ora adil).
· Embat-embat celarat, tegese nyambut gawe klawan ngati-ati banget.
· Kakehen gludhug kurang udan, tegese akeh omong, nanging ora ana nyatane.
· Keplok ora tombok, tegese melu seneng-seneng nanging ora gelem cucul wragad.
· Kerot ora duwe untu, tegese duwe kekarepan nanging ora duwe wragad.
· Kriwikan dadi grojogan, tegese prakara cilik dadi gedhe.
· Lambe satumang kari samerang, tegese aweh pitutur bola-bali, nanging ora digugu.
· Nabok nyilih tangan, nindakake panggawean ala sarana kongkonan.
· Ngalem legining gula, tegese nyebut kaluwihane , kapinterane, utawa kasugihane wong.
· Nglungguhi klasa gumelar, tegese kari nemu kepenake, tanpa melu rakasane.
· Nguyahi segara, tegese weweh marang sugih, tiwas tuwas.
· Satru mungging cangklakan, tegese mungsuh kang isih sanak sadulur.
· Sembur-sembur adas, siram-siram bayem, tegese bisa kaleksanan marga pandongane wong akeh.
C. Saloka
Saloka yaiku unen-unen gumathok sing dipindhanake wonge.
Tuladha :
· Tumbu oleh tutup, tegese wong kang cocok aten-atenane utawa wong kekancan sing cocok banget.
· Bathok bolu isi madu, tegese wong asor nanging sugih kapinteran.
· Kaya banyu karo lenga, tegese pasaduluran kang ora bisa rukun.
· Kebo bule mati setra, tegese wong pinter nanging ora ana sing nganggokake.
· Kebo kaboten sungu, tegese wong tuwa sing rekasa uripe amarga kabotan ngopeni anak-anake.
· Kebo mulih menyang kandhange, tegese wong lunga utawa barang ilang sing bali maneh menyang asale.
· Kebo nusu gudel, tegese wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom.
Samene wae postingan kula. Matur nuwun.
2 Komentar untuk "Paribasan, Bebasan, lan Saloka"
Seneng nyacat paribasane opo?
Interesting thoughtss
Silahkan berkomentar sesuai artikel