Blog for Learning

| lesson material | material summary | questions and answers | definitions | types and examples | other information | materi pelajaran | ringkasan materi | pertanyaan dan jawaban | definisi | jenis-jenis dan contoh-contoh | informasi lainnya |

Powered by Blogger.

Pages

Materi Basa Jawa Cerkak utawa cerita cekak



Materi Basa Jawa Cerkak utawa cerita cekak


Assalamu’alaikum Wr Wb
Ing postingan iki arep dibahas apa iku sing diarani cerkak utawa cerita cekak. Cerkak utawa cerita cekak uga diarani cerpen utawa cerita pendek ing bahasa Indonesia. Cerkak basa Jawa uga nduweni unsur intrinsik sing ora beda adoh karo cerpen bahasa Indonesia. Ing ngisor iki penjelasane.
A.    Pangerten Cerkak utawa cerita cekak
Cerkak utawa cerita cekak yaiku carita kang isine ringkes lan ora mbutuhake wektu suwe anggone maca.
B.     Unsur-unsur intrinsik
Unsur-unsur intrinsik cerita cerkak, yaiku :
1.      Tema
Tema yaiku ide pokok pikiran cerita.
2.      Paraga
Paraga yaiku cara pangripta nggambarake lan mbabar watak para paraga ing cerita cekak.
Paraga kaperang dadi telu, yaiku :
a)      Protagonis, yaiku paraga kang nduweni watak becik.
b)      Antagonis, yaiku paraga kang nduweni watak ala.
c)      Tritagonis, yaiku paraga kang dadi penengah.
3.      Prastawa
Prastawa  ing cerita cekak kaperang dadi lima, yaiku :
a)      Ngenalake tokoh lan masalah.
b)      Tumuju marang anane konflik.
c)      Klimaks.
d)     Anti klimaks.
e)      Pungkasan.
4.      Latar
Latar ing cerita cekak kaperang dadi 4, yaiku :
a)      Latar wektu
b)      Latar panggonan
c)      Latar swasana
d)     Latar sosial-budaya
5.      Alur
Alur ing cerita cekak kaperang dadi 3, yaiku :
a)      Alur maju
b)      Alur mundur
c)      Alur campuran
6.      Sudut pandang
Sudut pandang ing cerita cekak ana 2, yaiku :
a)      Sudut pandang wong kapisan.
Nganggo tembung aku, enyong, kula.
b)      Sudut pandang wong katelu.
Nganggo jenenge wong, dheweke, panjenengane.
7.      Isi wejangan (amanat)
Isi wejangan utawi amanat yaiku pesen kang kaandhut ing sajroning cerita.

Samene wae postingan kula ing dinten iki. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr Wb
2 Komentar untuk "Materi Basa Jawa Cerkak utawa cerita cekak"

matur nuwun mas
blog'e mantep :v

Silahkan berkomentar sesuai artikel

 
Template By Kunci Dunia
Back To Top