Blog for Learning

| lesson material | material summary | questions and answers | definitions | types and examples | other information | materi pelajaran | ringkasan materi | pertanyaan dan jawaban | definisi | jenis-jenis dan contoh-contoh | informasi lainnya |

Powered by Blogger.

Pages

tuladha tembung pepindhan

tuladha tembung pepindhan

Assalamu’alaikum Wr Wb
Ing dina iki kula arep posting materi pepindhan Basa Jawa. Apa kang diarani Pepindhan? Pepindhan yaiku unèn-unèn sajeroninBasa Jawa kang ora ngemu surasa kang sajatiné. Yèn ing basa Indonésia disebut pengandaian. Lumrahé pepindhan nganggo tembung: kaya, lir, pindha, kadya lan liya-liyané kang ngemu karep kaya. Pepindhan asring dipigunakaké ing pacelathon padinan, panyandra sajeroning adicara pengantènan utawa sajeroning babagan sastraLangsung wae ing ngisor iki tuladhane pepindhan.

A
Abange kaya godhong katirah.
Abang kumpul padha abang kaya alas kobong.
Abote kaya watu.
Adheme kaya es.
Atose kaya wesi.
Agunge kaya samodra rob.
Akehe lelara kaya kena pagebluk
Akehe pepati kaya babadan pacing.
Akehe pepati kaya sulung mlebu geni.
Ali-aline nggunung sapikul.
Aluse kaya bludru.
Aluse kaya sutra.
Antenge kaya temanten ditemokake.
Ayune kaya Dewi Ratih.

B
Baguse kaya Bathara Kamajaya tumurun.
Bangone awangun gedhang salirang.
Bantere kaya angin.
Bedane kaya bumi karo langit.
Bebetane ngadhal melet.
Begjane kaya nemu cempaka sawakul.
Begjane kaya nemu emas sakebo
Mbranyake kaya Raden Samba.
Brengose nglaler mencok.
Brengose ngula nglangi (R. Dursasana).
Brongose nguler keket (R. Werkudara).
Bungahe kaya ketiban daru.

C
Cahyane bingar kaya lintang johar.
Cahyane nglentrih kaya rembulan kerainan.
Cep klakep kaya orong-orong kepidak.
Cethile kaya Cina craki.
Cumlorot kaya daru.
Cumlorot kaya lintang alihan.

D
Dalane mbathok mengkureb.
Dalane nggeger sapi.
Dawane barisan kaya sela brakithi.
Dedege ngringin sungsang.
Dhuwur kaya othak-othak mega.
(n)Domblong kaya sapi ompong.
Dondomane kaya tutus kajang.

G
Gagah prakosa kaya Raden Werkudara.
Galake kaya buta.
Galake kaya macan manak.
Gampange kaya empol pinecok.
Geger pepuyengan kaya gabah diinteri.
Gelis kaya banyu sinaring.
Gelunge ngadhal menek.
Gelunge minangkara. (gelunge para Pandhawa kajaba R. Puntadewa)
Gendewane awangun kadhal meteng.
Gereng-gereng pindha singa antuk bayangan. 

I
Ijo kumpul padha ijo kaya bethet sayuta.
Ireng kumpul padha ireng kaya gagak reraton.

J
Janggute pindha tawon gumantung.
Jogede kaya merak kesimpir.
Jogede mucang kanginan.

K
Kagete kaya tinubruk ing mong luput.
Kaku kaya kena nggo pikulan.
Kekejera kaya manuk branjangan.
Kenese kaya Dewi Banowati.
Kenese kaya Dewi Srikandi.
Kepingine kaya nyidam cempaluk.
Kesite kaya kadhal.
Kesite kaya laler.
Klular klulur kaya tuma kathok.
Kopat-kapit kaya ula tapak angin.
Kuning kumpul padha kuning kaya podhang reraton.
Kuning pindha emas sinangling.

L
Lakune kaya macan luwe.
Lakune nusup-nusup pindha ayam alas.
Landhepe pitung pinyukur.
Lembeyane mblarak sempal.
Lembeyane kaya merak kesimpir.
Lelewane milangoni.
Lir sato mungging rimbagan.
Lunyune kaya welut.
Luruhe pindha Dewi Sembadra.



M
Mantu mbata rubuh.
Mendhak-mendhak kaya sato memeti.
Mider-mider kaya undar.
Miling-miling kaya jangkung.
Mlakune ngodhok.
Mundur mungkur gangsir.

N
Nangise ndrengengeng kaya rase.
Nangise ngorong-orong.
Nuturi wong pinter prasasat ngajari bebek nglangi.
Nyengite kaya dhemit.

O
Omahe awangun glathik mungup.
Omahe awangun klabang nyander.


P
Padha pleg kaya jambe sinigar.
Padhange kaya rina.
Panase kaya mecah-mecahake gundhul (sirah).
Panggalihe padha kaya suruh lumah lan kurepe, dinulu seje rupane, ginigit padha rasane.
Parine gumadhung.
Parine nedheng gumadhing.
Parine ngemping.
Petenge ndumuk irung.
Pintere kaya bisa njara langit.
Pintere kaya bisa nyancang angin.
Pipane (rokok) menyu.
Polahe kaya kuthuk kelangan babon.
Polahe wadyabala kaya gabah diinteri.
Polahe ngaru napung.
Putih kumpul padha putih kaya kuntul neba (sarawa).
Putih memplak kaya kapuk diwusoni.
Polatane mbranyak kaya Raden Samba.

R
Rakete kaya sadulur sinara wedi.
Ramene lir prahara nempuh wukir.
Ramene surak mbata rubuh.
Ratane nggeger sapi.
Rikate kaya angin.
Rukune kaya mimi lan mintuna.
Rupane padha kaya jambe sinigar.
Ruruhe (wong wadon) kaya Dewi Sembadra.
Ruruhe (wong lanang) kaya Raden Janaka.

S
Salake medhi.
Sambate kaya grantang.
Sambate ngaru ara.
Senenge kaya bubuk oleh leng.
Sentosa banget kaya janget kinatelon.
Sirahe nggandhen.
Sowane mendhak-mendhak kaya sata manggih krama.
Suguhane mbanyu mili. 
Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen.
Sumbare kaya wani ndilat wesi abang.
Swarane gumleger kaya bata rubuh.
Suwek nyangkem kodhok.
Swarane kaya gelap ing mangsa kapat.
Swarane kaya mbelah-belahake bumi.

T
Tandange cukat kaya jangkrik mambu kili.
Tandange cukat banget kaya sikatan nyamber walang.
Tandange nggegirisi kaya bantheng ketaton.
Tandange cukat kadya kilat, kesit kadya thathit.
Tapa nyantuka (Dewi Anjani).
Tapa ngidang.
Tekade kaya geni lan urupe.
Tekade kaya madu lan manise.
Tepunge kalis kaya banyu karo lenga.
Thingak-thinguk kaya kethek ditulup.
Tindake nusup ngayam alas.
Tulisane mbata sarimbag. (aksara Jawa).
Tulisane awangun ketumbar. (aksara Jawa).
Tulisane ngeri. (aksara Jawa).

U
Ulese ngembang asem (kucing).
Ulese ngembang duren (jaran).
Untabe wadyabala kaya samodra rob.
Utange nyundhul empyak.
Utange turut usuk.

W
Wangsulane saur manuk.
Wangune kaya dara gepak
Wiragane nenangi brata.
Wrangkane gayaman.
  
Kapustakaan :
Abikusno, PEPAK BASA JAWA, Pen. Express, Surabaya, 1996.
https://incubator.wikimedia.org/wiki/Wb/jv/Kawruh_Basa_Jawa/Rakitan_Ukara/Pepindhan 

Samene wae postingan materi pepindhan Basa Jawa, mugi-mugi manfaat.
Wassalamu’alaikum Wr Wb



0 Komentar untuk "tuladha tembung pepindhan"

Silahkan berkomentar sesuai artikel

 
Template By Kunci Dunia
Back To Top