Blog for Learning

| lesson material | material summary | questions and answers | definitions | types and examples | other information | materi pelajaran | ringkasan materi | pertanyaan dan jawaban | definisi | jenis-jenis dan contoh-contoh | informasi lainnya |

Powered by Blogger.

Pages

pengertian kerata basa dan contohnya

pengertian kerata basa dan contohnya

KERATA BASA

Assalamu’alaikum Wr Wb
Ing dina iki kula arep posting materi Kerata Basa. Kérata basa ugi sinebat jarwa dhosok. Kérata ateges asal usul tegesing tembung. Kerata basa ateges bab negesi suraosing tembung awewaton asal utawi mula-bukanipun, limrahipun kapirid saking wewancahanipun, kapendhet sunduk prayoginipun. Jarwa mengku teges wedharan utawi katrangan, déné dhosok mengku pikajeng ndhesek, nyodohakaken majeng. Jarwa dhosok kénging dipuntegesi katrangan menggahing tembung sarana dipunkinten-kinten utawi miturut pikajengipun ingkang nerangaken. Ing ngisor iki tuladhane.
  
1. bapak              ditegesi : bab apa-apa pepak (pepak kawruh lan pengalaman).
2. batur                ditegesi : embat-embataning tutur (samangsa-mangsa bisa dijak mupakatan).
3. bocah              ditegesi : mangane kaya kebo, panggaweane ora kecacah.
4. brekat              ditegesi : mak breg diangkat.
5. cangkir            ditegesi : dianggo nyancang pikir.
6. cengkir            ditegesi : kencenging pikir.
7. copet               ditegesi : ngaco karo mepet-mepet.
8. denawa            ditegesi : ngeden hawa (nguja hawa napsu).
9. desember         ditegesi : gedhe-gedhene sumber.
10. garwa            ditegesi : sigaraning nyawa.
11. gedhang         ditegesi : digeget sawise madhang, seged padhang.
12. gerang            ditegesi : segere wis arang.
13. guru               ditegesi : digugu lan ditiru.
14. gusti               ditegesi : bagusing ati.
15. januari           ditegesi : hujan sehari-hari.
16. kaji                ditegesi : tekade siji, (anggone nembah marang Gusti Allah).
17. kathok            ditegesi : diangkat sithok-sithok.
18. kodhok           ditegesi : teka-teka ndhodhok.
19. kotang            ditegesi : sikute diutang.
20. krikil              ditegesi : keri ing sikil.
21. kuping           ditegesi : kaku njepiping.
22. kupluk           ditegesi : kaku nyempluk.
23. kursi              ditegesi : yen diungkurake banjur isi.
24. ludruk           ditegesi : gulune gela-gelo, sikile gedrag-gedrug.
25. maling           ditegesi : njupuk amale wong sing ora eling.
26. mantu            ditegesi : dieman-eman meksa metu.
27. prawan          ditegesi : yen papara (lelungan) kudu wayah awan.
28. saru               ditegesi : kasar lan keleru.
29. sekuter          ditegesi : sambi sedheku mlaku banter.
30. sepuh            ditegesi : sabdane ampuh.
31. simah            ditegesi : isining omah.
32. sirah              ditegesi : isining rah.
33. siti                 ditegesi : isi bulu bekti.
34. sopir              ditegesi : yen ngaso mampir (ing warung).
35. sruwal           ditegesi : seru yen nganti uwal.
36. tandur           ditegesi : nata karo mundur.
37. tapa               ditegesi : tatane kaya wong papa.
38. tarub             ditegesi : ditata supaya katon murub (asri).
39. tayub             ditegesi : ditata supaya katon guyub.
40. tebu               ditegesi : antebing kalbu (mungguh wong duwe gawe sing mawa rerenggan tebu).
41. tepas             ditegesi : titip napas.
42. tuwa             ditegesi : ngenteni metune nyawa, untune wis rowa.
43. wanita          ditegesi : wani ing tata.
44. wedang        ditegesi : dianggo gawe kadang.
45. weteng         ditegesi : ruwet tur peteng.
  
Kapustakaan :
Abikusno, PEPAK BASA JAWA, Pen. Express, Surabaya, 1996.
https://jv.wikipedia.org/wiki/Kérata_basa 

Samene wae postingan kula, mugi-mugi manfaat.

Wassalamu’alaikum Wr Wb
0 Komentar untuk "pengertian kerata basa dan contohnya"

Silahkan berkomentar sesuai artikel

 
Template By Kunci Dunia
Back To Top