Blog for Learning

| lesson material | material summary | questions and answers | definitions | types and examples | other information | materi pelajaran | ringkasan materi | pertanyaan dan jawaban | definisi | jenis-jenis dan contoh-contoh | informasi lainnya |

Powered by Blogger.

Pages

materi sesorah bahasa jawa


Sesorah / Pidhato



Assalamu’alaikum Wr Wb
Ing dina iki kita arep sinau basa jawa. Ing postingan iki arep dibahas apa kuwi sing arane sesorah utawi pidhato. Sadurunge sesorah utawi pidhato, kudu ngerti apa iku sing diarani sesorah, apa wae jinis-jinise, apa wae sing bab-bab kang digatekake nalika sesorah, lan kudu ngerti cengkorongane sesorah. Langsung wae kita bahas siji-siji ing ngisor iki.

Pangerten
Sesorah yaiku salah satunggaling kaprigelan micara ing sangarepe wong akeh kanggo ngandharake pemanggih utawi ide.

Bab-bab kang digatekake nalika sesorah :
1.      Nyiapake underan / tema sesorah.
2.      Nyiutake tema dadi irah-irahan (judul).
3.      Naliti kahanan pamiarsa.
4.      Ndamel cengkorongan / kerangka sesorah.
5.      Nemtokake ancase / tujuane sesorah.
6.      Ngempalake bahan sesorah.
7.      Ngembangake / ngrembaakake cengkorongan.
8.      Gladhen sesorah.

Metode-metode sesorah :
1.      Metode maca sawutuhe
Yaiku sesorah kang ditindakake kanthi maca teks.
2.      Metode hafalan
Yaiku sesorah sing ditindakake kanthi apalan saka teks sing wis digawe sadurunge.
3.      Metode pandom lajer
Yaiku sesorah sing ditindakake kanthi nggawa cathetan cilik (lajering sesorah).
4.      Metode impromptu (dadakan)
Yaiku sesorah sing ditindakake kanthi dadakan utawi ora ana persiapan sadurunge.

Jinis-jinising sesorah :
1.      Sesorah miturut ancase (tujuan) :
·         Menehi informasi / pemanggih.
·         Menehi panglipur.
·         Kanggo pangajak-ajak.
2.      Miturut kahanane sesorah :
·         Sesorah resmi.
·         Sesorah setengah resmi.
·         Sesorah ora resmi.
3.      Miturut pendekatan isine sesorah :
·         Sesorah intelektual.
·         Sesorah moral.

Cengkorongan / kerangka sesorah :
1.      Salam pambuka
2.      Purwaka (pambuka)
·         Atur pakurmatan (marang wong sing rawuh)
·         Atur puji syukur
·         Atur panuwun
3.      Isi (surasa)
4.      Dudutan / wigati / ringkesan
5.      Pengarep-arep
6.      Panutup (wusana)
7.      Salam panutup



Samene wae postingan kula, mugi-mugi manfaat. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr Wb
7 Komentar untuk "materi sesorah bahasa jawa"

bagus materinya,,lengkap,,sesuai kisi kisi,,terimakasih

sama-sama, terima kasih sudah berkunjung...
semoga bermanfaat...

Sangat membantu
Trima Kasih! 😊

Dan saran coba tambahkan contoh teks sesorah ya! Ditunggu 😁

Jika ingin belajar elektronik bisa kunjungi www.electroniklearn.blogspot.com

Silahkan berkomentar sesuai artikel

 
Template By Kunci Dunia
Back To Top