Blog for Learning

| lesson material | material summary | questions and answers | definitions | types and examples | other information | materi pelajaran | ringkasan materi | pertanyaan dan jawaban | definisi | jenis-jenis dan contoh-contoh | informasi lainnya |

Powered by Blogger.

Pages

GEGURITAN



Geguritan yaiku asiling seni sastra kang awujud puisi jawa. Geguritan bisa keperang dadi 2 yaiku :
·         Geguritan gagrak anyar
·         Geguritan gagrak lawas 

Gagrak Anyar
Geguritan gagrak anyar uga diarani puisi jawa model anyar, ora kaiket dening patokan kaya geguritan gagrak lawas.

Titikane geguritan gagrak lawas
·         Dumadi saka 4 gatra /6 gatra / 8 gatra
·         Cacahe wanda saben gatra padha
·         Guru lagune padha
·         Diwiwiti nganggo tembung “sun nggurit”

Titikane gagrak anyar
·         Pilihan tembung kang mentes
·         Busananing basa (purwakanthi, Dwipurwa, Dwiwasana, Seselan, lsp ).
·         Wirama

Bab-bab kang digatekake nalika maca geguritan
·         Penghayatan tumrap geguritan
·         Teknik vokal
·         Penampilan
 
Penghayatan tumprap geguritan
·         Mangerti apa isine geguritan lan kepriye swasanane saenggo bisa medhot ukara – ukarane kanthi trep
·         Wirama ( dinamik ) yaiku munggah mudhune swara.
·        Nada yaiku dhuwur cendheke pangucapan. Dhuwur kanggo geguritan kang isine protes karo kahanan / nduweni sifat heroik, cendek kanggo geguritan kang dhuweni sifat religious / sedih
·       Tempo yaiku cepet / alone pangucapane tembung / ukara. Cepet kanggo geguritan kang dhuweni sifat heroik, alon kanggo geguritan kang nduweni sifat sedhih.
·         Lumantar ekspresi
 
Teknik vokal
·         Pangucapan kang cetha
Saben tembung kudu bisa karungokake dening sing nonton kanthi cetha
·         Jeda
Maca geguritan kudu bisa ngerti kapan bisa unjal napas kanthi kepenak lan bener
·         Ketahanan
Aja nganti saya suwe  anggone maca geguritan sansaya lirih
·         Kelancaran
Aja nganti sansaya suwe anggone maca geguritan sansaya ora lancar

Penampilan
·         Teknik muncul, nalika metu kang sepisan kudu mantep
·         Blocking, kepriye olehe manggonake awak, apa kudu madhep penonton,mungkuri utawa campuran loro-lorone
·         Setting, yaiku manfaatke piranti apa kang ana ing panggung
·         Gerakan utawa pamilihe ekspresi
·         Kostum utawa pamilihe sandhangan
·         Pandangan mata utawa pandeloke mripat
·         Konsentrasi 

Carane gawe geguritan
  1. Nemtokake topik geguritan. Topik bisa pengalaman, gagasan, lamunan, gegayuhan, katresnan, lan liya-liyane.
  2. Milih tembung-tembung kanggo nglairake gagasan.
  3. Wiwit nulis geguritan kanthi larik baka larik.
  4. Geguritan digawe kanthi ringkes lan mentes.
  5. Nliti geguritan sing wis ditulis, didandani supaya luwih becik.

Tokoh kang populer ing puisi Tegalan
·         Ki Enthus Susmono
·         Lanang Setiawan
·         Ki Slamet Gundono
·         Muhamad Hadi Utomo

Titikane puisi Tegalan
  1. Nganggo basa Tegalan
  2. Ora kaiket gatra (baris)
  3. Ana panganggite
  4. Ana irah-irahan geguritane
0 Komentar untuk "GEGURITAN"

Silahkan berkomentar sesuai artikel

 
Template By Kunci Dunia
Back To Top